Blog yang membahas tentang macam-macam artikel, makalah dan artikel unik dan lain-lain, Pendidikan, Kesehatan, Spikologi, Metode Pembelajaran, Kesenian, Dunia Islam dan menyajikan seluruh jenis artikel

Contoh sinopsis novel bahasa jawa

Contoh sinopsis novel bahasa jawa - Hallo sahabat Kumpulan Artikel dan Makalah, Pada Artikel yang anda baca kali ini dengan judul Contoh sinopsis novel bahasa jawa, kami telah mempersiapkan artikel ini dengan baik untuk anda baca dan ambil informasi didalamnya. mudah-mudahan isi postingan Artikel Pendidikan, yang kami tulis ini dapat anda pahami. baiklah, selamat membaca.

Judul : Contoh sinopsis novel bahasa jawa
link : Contoh sinopsis novel bahasa jawa

Baca juga


Contoh sinopsis novel bahasa jawa

                                  RESENSI NOVEL “SANG PANGERAN PATI”
  1. Identitas Novel :


    • Penulis : Fitri Gunawan
    • Penerbit : Q Publisher
    • Tahun Terbit : 2013
    • Tebal : 203 halaman
    • ISBN : 978-802-14227-0-0
    • Dimensi : 18 x 13 cm
      Jenis Kertas : Kertas Buram
    • Sinopsis
    • Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
      Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.
      1. Unsur Intrinsik Novel
      2. Tema : Kejujuran lan Kesetiaan
      3. Latar Belakang :
      Novel “Sang Pangeran Pati” iku nggambarake kahanan nyata ana ing dunia jurnalistik kang gamblang lan tanpa tadeng aling-aling penulis nyuguhake maslah-masalah kanggo bahasa sing bis agampang langsung di ngerteni marang pembaca. Novel iki adhidasar saka masalah umum sosial lan masalah katresnanan kang di padu dadi siji. Wong urip iku ora mung ngandelake kakuasaan lan jabatan nanging uga kudu mikirake rasane wong liya terutama bawahan. Wong urip kuwi kudu duweni sifat welas asih marang wong liya lan kudu andap asor anggone njaluk pitulung marang wong liya. Ana ing novel iki cetha nyritakake penguasa utawa pemimpin kang ora bisa andhap asor lan welas asih sing kegambar ana ing tokoh Suryo. Konflik sing di gawe ana ing novel iki kaya-kaya ana ing dunia nyata jurnalistik. Konflike di dadekake bahan kanggo ngembangake isi novel,nanging masalah katresnan antar tokoh ora di gambarake cetha marang penulis.
      Iku kabeh sing gawe novel “Sang Pangeran Pati” katon nyata konflik masalah utamane lan bisa di waca kanggo kabeh kalangan amarga ora akeh masalah tresnane.
      1. Waktu :
      2. Pagi            ( “sugeng enjang Mas Suryo” )
      3. Siang ( “… Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan”)
      4. Sore (“selamat sore Pak Suryo”)
      5. Malam (wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu esuk              kudu wis di pasarna)
      1. Suasana :
      2. Duka
      3. Sedih
      4. Seneng
      5. Haru
      6. Alur : Maju
      7. Gaya Bahasa : Bahasa Jawa Modern
      8. Amanat : Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.
      9. Penokohan :
      10. Suryo Baskoro : pidegsa,pinter,sregep,andap asor,pendendam,ora gelem kalah,temen.
      11. Sri Wahyuni : setia,sregep,tlaten,temen.
      12. Basuki : sregep,nrimanan,andap asor,sopan.
      13. Rudi Hamonangan : pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten.
      14. Aryo Guritno : licik,drengki.
      15. Mardanu : licik, drengki, pinter.
      16. Wibisono : eman,andap asor,setia.
      17. Surtikanthi : setia,andap asor,welas asih,pinter.
      18. Suryawati Suminar : manut,amanat,setia.
      19. Broto Kusumo : tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang percaya karo wong liya.
      20. Wisnu Kusumo : manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap asor,welas asih.
        1. Sudut Pandang : orang ketiga serba tahu
      21. Prihastuti Kusumo : welas asih,androgini,andap asor,pinter,sumeh,ngalahan.
      22. Kelebihan Novel
      23. Novel sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia jurnalistik nganggo bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa modern. Unsur roman kang di tulis dening penulis mung dadi bumbu penyedap ana ing novel iki dadekake novel iki bisa di tampa dening kabeh kalangan. Novel iki uga blaka suta anggone nyeritakake konflik utamane. Penulis pinter anggone bungkus masalah kang wigati naging ora gawe pembaca kaget. Lan gawe penasaran endinge kaya apa.
        1. Kelemahan Novel
                    Novel iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo. Dealeg sing di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca sing saka daerah “ngapak” anggel anggone mangerteni makna kang sebenere. Lan gaya penbulisane gawe bosen pembaca amarga terlalu rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca ora rampung-rampung.
        1. Saran atau Manfaat Novel
        2. Saran
        Saran kanggo novel SPT iki luwih becik di tulis nganggo bentuk prosa dadi ora gawe bosen lan ukuran font luwih di pertimbangaken. Nganggo bahasa jawa kang umum supayane bisa di cerna karo beda dialeg.
        1. Manfaat
              Manfaat kang bisa di jupuk saka novel SPT iki yaiku ngajarake kejujuran lan keseliaan marang wong liya lan ngajaraken carane andap asor,welas asih lan tegas karo keputusan,nanging ora semena-mena karo bawahan.




    Demikianlah Artikel Contoh sinopsis novel bahasa jawa

    Sekianlah artikel Contoh sinopsis novel bahasa jawa kali ini, mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk anda semua. baiklah, sampai jumpa di postingan artikel lainnya.

    Anda sekarang membaca artikel Contoh sinopsis novel bahasa jawa dengan alamat link https://macam2-artikel.blogspot.com/2016/10/contoh-sinopsis-novel-bahasa-jawa.html
    Share on Facebook
    Share on Twitter
    Share on Google+
    Tags :

    Related : Contoh sinopsis novel bahasa jawa

    0 komentar:

    Post a Comment